Pengertian Wayang, Jenis, fungsi, arti, contoh, macam, manfaat

pelajar.web.id - Pada kesempatan kali ini, kita akan membahas mengenai wayang baik dari pengertiannya, macam wayang, fungsi, arti, manfaat dan juga contohnya. Ringkasan ini dibuat dalam Bahasa Jawa, agar kalian lebih tahu tentang wayang simak penjelasan berikut ini.


Pengertian Wayang dalam Bahasa Jawa serta Jenis, Fungsi, Arti, dan Contohnya


A. Pengertian Wayang dalam Bahasa Jawa

Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni  kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku: seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. 

Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang kramat. 

B. Jenis Wayang

Wayang iku akeh banget jinise antarane yaiku:
  • Wayang Beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan kuwi nggambarake sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonke, beberane digulung maneh.
  • Wayang Kulit yaiku wayang kang digawe saka kulit lembu kang ditatah lan dientha kaya dene manungsa.
  • Wayang klithik sinebut uga Wayang Krucil yaiku wayang kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. Wayang iki nduweni ciri khas yaiku yen ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepane nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi.
  • Wayang Golek uga akeh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa.
  • Wayang Gedhog. Wayang iki wujude meh padha karo wayang kulit. Kang digawe kurang luwih taun 1400-an. Wayang iki mung bisa ditemokake ana museum.
  • Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critane yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi. 
  • Wayang Kancil. Wayang iki uga diarai ''wayang Dupara''. Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
  • Wayang Wahyu, uga kasebut wayang bibel iki diciptake dening Bruder Temotheos kanggo nyiarke agama Kristen. 
  • Wayang Jemblung. Wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong.  Wayang iki sumebar ana ing daerah pesisir lor, Blora, lan Cepu. Critane babagan Cacad kaya kethoprak. 
  • Wayang wong yaiku wayang kang diparagake wong kang ana gerakan tarine. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabarata. Paguyuban kang misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngesthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta). 
  • Wayang Potehi yaiku wayang kang awujud boneka cilik-cilik. Critane mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. 
  • Wayang Dongeng yaiku wayang kang digawe saka dluwang kang digambari wayang awujud kewan-kewan. Wayang iki nyritakake babagan donyane kewan kang dadi sarana refleksi saka donyane manungsa.
  • Wayang fabel iku salah siji jenising wayang kang nyeritakake bab kewan. Kabeh paraga ing wayang iku awujud kewan. Lakon kang diceritakake uga lakon ing donyane kewan.
  • Lan liya-liyane, 
Jinis wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa yaiku wayang kulit. Umume wayang kulit nggunakake lakon Wayang Purwa yaiku perangan saka kitab-kitab kakawin kayata Mahabharata utawa Ramayana, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan maneka warna crita liyane.

Wayang kulit dimainke ing layar putih kang sinebut kelir. Dene wayang-wayang kuwi ditancepake ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. 

C. Perlengkapan Wayang Kulit (Uba rampe wayang kulit)

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang seka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.

Uba rampe  wayang kulit yaiku,
  • Cempala : thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon. 
  • Kelir : layar putih kang dibeber kanggo mainke wayang. 
  • Blencong : Senthir kanggo gawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalane senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik. 
  • Kepyak : digawe seka kuningan kanggo iringane dhalang. 
  • Kothak : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala.
  • Gedebog/debog : wit gedhang kanggo tancepan wayang. 
  • Gamelan : kanggo ngiringi pagelaran.

D. Fungsi Wayang

Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta. Wayang iku minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prakara, pihak utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandhawa lan Kurawa. 

Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, upamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan

Fungsi liyane yaiku minangka sarana ngukuhake status sosial, amarga kang bisa nanggap wayang yaiku wong kang duwe pangkat lan bisa nyedhiyakake prabeya kang gedhe, saliyane kuwi minangka penanaman solidaritas sosial, sarana hiburan lan pamulangan.

E. Contoh cerita wayang dalam Bahasa Jawa "Gathutkaca Gugur"


cerita wayang gatotkaca gugur


Baratayuda Jayabinangun dina kang kaping patbelas wis mentas, ninggal tatu-tatuning ati para kang tinilar seda. Ing dina iku ana loro andel-andeling Kurawa kang tumekeng seda, yaiku putra Mandraka, Harya Burisrawa gugur dening Harya Setyaki, lan Nata Banakeling, Harya Jayadrata tiwas kanthi mustaka tigas dening Raden Harjuna. 

Kaananing paprangan ing Tegal Kurusetra sansaya kekes. Bebathang pating galimpang labet dadi bantening perang, wutahing getih gawe sedhih tumrap kang tuminggal. Prajurit Kurawa lan Pandhawa padha dene kepanjingan watak tegelan lan hambeg mentalan, ilang rasa kamanungsane, kang ana amung rasa gregetan sarta ngigit-igit. Rasaning ati amung rong pilihan, mateni apa dipateni, mrajaya apa pinarjaya, dadi korban apa gawe korban.

Nadyan wus peteng kasaput ratri parandane sakarone isih sengkut gumregut amagut nempuh ing pupuh ngrabasa mungsuh. Ing wengi iku prajurit Kurawa dipandhegani dening Nata Ngawangga Adipati Karna, mepak para prajurit kanthi nggawa gegaman lan obor kanggo madhangi petenging payudan, uga kanggo gawe rusak kanthi ngobong pakuwoning Pandhawa sarta mbabati para prajurit Pandhawa kang lena, mati pinejahan awit datan siyaga. 

Waspada Raden Harjuna, sigra ngambil sanjata langkap gandhewa kang wus sinandhingan warastra, nedya nempuh yuda ngembari kridhane Adipati Karna. Nanging cinandhet dening Nata Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna. Nata Dwarawati dhawuh mring Raden Harjuna kinen nimbali Raden Gathutkaca.

Rikat Risang Gathutkaca tinimbalan mangarsa, kautus mapag Sang Adipati Karna sawadya ingkang murang tata, kumawani ngobong pakuwoning Pandhawa miwah mateni para prajurit Pandhawa kang tan samya siyaga. Mangkono sabda pangandikane Sri Kresna: ”Kulup Gathutkaca, sapa baya kang sembada ngembari kasektene wakira Ngawangga ing titi mangsa iki kajaba amung sira. 

Sapa baya kang sembada nanggulangi pangamuking wadya Kurawa ing wengi iki, kajaba wadya balanira kang warna raseksa. Apa maneh sira sinatriya kondhangrat babaran Tinjomaya, sayekti darbe ajijaya kang tan pasah saliring braja. 

Nanging kulup kawruhana, lamun tandhingira tan liya wakira pribadi, kang kasusra sura sekti mandraguna prawira jayeng palugon. Marma den waspada lan prayitna, aywa kongsi kasor wibawa lan kasor prabawa aneng madyaning paprangan.”

Mireng sabdanira Sri Kresna sarta ingkang Paman Harjuna, Sang Gathutkaca matur anoraga ”Dhuh Wa Prabu miwah Paman Harjuna pepundhen kula. Tanpa pepindhan agenging raos bagya mulya ingkang tumanduk dhumateng manah kula, awit pinitaya kinen majweng yuda ngayoni kridhanipun Wa Adipati Karna. 

Dhuh pangejawantahing Sang Hyang Suman jawata kang wenang andum kabahagyan, kula nyuwun barkah pangestu supados sembada ing karya tama munah satru candhala. Dhuh risang dutaning adil, kula sampun mboten nyipta lena punapa yuwana, jer upami kula ungguling yuda inggih awit saking sih nugrahaning Gusti. 

Tuwin manawi ngantos kula nemahi seda, sayekti suwarga mulya badhe kaparingaken kula. Dhuh Paman Harjuna jimat pepundhen kula, ingkang putra nyuwun pamit badhe ngrabaseng perang munah mengsah candhala mamrih lestarining para hambeg utami.”

Raden Gathutkaca bidhal mepak para wadya yaksa Pringgodani, nedya ngrabasa ngembari yudane Adipati Karna sawadyanira. Sawuse kedadean perang sayekti akeh para prajurit Kurawa apadene prajurit Pringgodani kang nemahi seda. Prasasat ing Tegal Kurusetra banjir marus sangkrah kuwandha, akarya miris kang samya mulat.

Lagya sengkut-gumregut kang padha andon yuda, dumadakan ana buta loro kang mbarung sinang momor kalawan wadya Kurawa, ngembuli yuda mrawasa wadya balanira Sang Gathutkaca. Dene yaksa loro mau ingaran Ditya Lembusana lan Ditya Alembasya, anak turune Yaksa Raja Jathasura. 

Ora narimakake sedane wong tuwane, dene kang nyedani Satriya Jodhipati Raden Werkudara. Ing sedya arsa males ukum dhateng Sang Werkudara, nanging laju pinapag dening Sang Gathutkaca, nuli dadya perang. 

Yaksa sakarone nemahi seda, kanthi sirah pecah tinempiling dening Sang Gathutkaca, kanthi linambaran Aji Rajah Narantaka. Sasirnaning yaksa, kagyat Sang Gathutkaca dennya tuminggal, mulat wadyanira bosah-basih.

Banget nesune Sang Gathutkaca marang rusaking wadya yaksa saka pakartine Adipati Karna. Sigra napak gegana matak Aji Brajadenta lan Aji Brajamusthi, sakala saka tutuke Sang Tetuka mijil sawarnaning sanjata, tumiba pindha deresing udan mrawasa wadya balane Adipati Karna. 

Saka epek-epeking asta Sang Tetuka uga mijil udan watu saprangkul gedhene, nibani mungsuh temah akeh kang luluh renyuh, gepeng pendeng tumekaning pati. Miwah prabawaning Aji Brajamusthi, mahanani udan deres winor lesus lir pinusus, linuting bledheg mangampar-ampar mrawasa para wadya balane Adipati Karna. 

Giris miris Adipati Karna mulat krodhane Sang Gathutkaca. Nggraita bakal kasoring jurit, lamun nora tumuli mungkasi tandange sang nawung kridha. Wusana musthi jemparing kadewatan kang aran Kyai Wasewi ya Kunta Wijayandanu arsa kinarya mungkasi yudane Gathutkaca. 

Sejatine pusaka iku nedya kinarya njagani Sang Arjuna, samangsa Sang Karna ayun-ayunan yuda kalawan Sang Pamadya. Awit watege jemparing Wijayandanu lamun linepas nora bakal luput mesthi ngenani mungsuh, nanging ponang Wijayandanu uga amung kena den gunakake sepisan ji nora bisa den pindho karya. Marma sekawit nedya kanggo mrajaya Arjuna, kapeksa kudu lumepas kinarya nyedani Gathutkaca.

Wus lumepas Kunta Wijayandanu rikat kadya kilat kesit kaya thathit. Risang Gathutkaca uninga nuli mabur ndedel ing awiyat. Mila lakune jemparing saya suwe saya rendhet. Dumadakan yitmane Kala Bendana ing akasa pirsa yen lakune jemparing rendhet, mila laju kaundha ing pangajab supaya enggal prapta mring anggane Sang Gathutkaca. 

Awit Kala Bendana males ukum mring Gathutkaca, karana inguni sinedanan dening Sang Tetuka. Wusanane lakune jemparing mbujung lampahing Sang Gathutkaca pas tumama ing puserira. Kagyat njola gereng-gereng pindha gora gurita, getih muncrat saka tatuning sarira. 

Sang Gathutkaca wus tan nyipta yuwana, esthining sedya amung kepengin sampyuh pralaya kalawan Adipati Karna. Sawusnya niba saka dirgantara, sinarengan prahara lesus lir pinusus anguntab tumibane Sang Gathutkaca. 

Mawa swara gumebrug pindha gunung jugrug tumibaning layon Gathutkaca, ingkang pinrih nedya nibani Adipati Karna. Nanging waspada Adipati Karna rikat malumpat ngoncati, temah kalis saka bebaya pati. 

Amung kreta kuda lan kusire kang kapupuh, temah luluh renyuh gepeng pendeng wor kisma. Gathutkaca gugur dadya kusumaning bangsa anggonira labuh negara, tamtu cinandhangan swarga mulya dening Kang Maha Kawasa.

Surak gumuruh ambata rubuh wadya Kurawa, nalika mulat tumibaning layon Gathutkaca. Rumangsa ungguling yuda sarta sembada njebol beteng Pandhawa. 

Dene Pandhawa banget nawung sungkawa, awit saka gugure Sang Senaputra. Sang Arjuna ngamuk punggung lir patrape wong liwung, ngubal-ubal jemparing mrawasa para wadya Kurawa temah kathah kang nemahi tiwas. 

Sang Bimasena ngamuk liwung yayah wong mendem gadhung, ngobat-abitake Gada Lambitamuka, mrawasa Kurawa sawadya bala temah banjir ludira. Nuli satriya kekalih pinambeng Sri Kresna, laju kakanthi makuwon. 
Kapethik Saka Penjebar Semangat No.13, 31 Maret 2001

Baca Juga:

Amanat cerita wayang "Gatotkaca Gugur"

  • Karana peperangan akeh bebanten kang mapan ing kono.
  • Perang Baratayuda iku lamun tinonton ing tata gelar katon kejem, kasar, wengis, tegel mateni mungsuh. Nanging sejatine kanthi srana Baratayuda, ing kono bakal ilange angkara murka thukuling kautaman.
  • Perang Baratayuda iku pinangka dalane netepi janji, sapa nandur ngundhuh, nggawe bakale nganggo, utang mesthi nyaur, nyilih kudu mbalekake.
  • Senadyan sekti mandraguna manungsa iku yekti duwe pengapesan, sabab manungsa iku nduweni sifat apes, lali lan luput.
  • Digedhongana dikuncenana yen wis tumeka wahyahing mangsa kala mati, manungsa ora bisa selak maneh.
  • Ubal napsune manungsa ndadekake rusaking kahanane madyapada.

Contoh Soal dan Jawaban Teks cerita wayang "Gatotkaca Gugur"

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 

1. Perang Baratayuda Jayabinangun iku perange sapa karo sapa?
WangsulanYaiku perange para Pandhawa karo para Kurawa

2. Ing Baratayuda Jayabinangun dina kang kaping patbelas, Kurawa kelangan andel-andel loro iku sapa?
Wangsulan: Yaiku putra Mandraka, Harya Burisrawa lan Harya Jayadrata

3. Jroning perang Baratayuda Jayabinangun prajurit Kurawa lan Pandhawa pada kepanjingan watak apa?
Wangsulan: Yaiku padha kepanjingan watak tegelan lan hambeg mentalan, ilang rasa kamanungsane, kang ana amung rasa gregetan sarta ngigit-igit.

4. Prabu Kresna nimbali Raden Gathutkaca iku dikongkon apa?
Wangsulan: Yaiku dikongkon mapag nandhingi kridhaning Sang Adipati Karna sawadya kang murang tata, kumawani ngobong pakuwoning Pandhawa miwah materi para prajurit kang ora samya siyaga.

5. Sapa mungsuhe Raden Gathutkaca aneng perang Baratayuda iku?
Wangsulan: Yaiku Adipati Karna ing Ngawangga.

6. Lagi nedhenge perang ana buta loro kang nimbrung aneng Tegal Kurusetra, kepengin mateni Werkudara. Sapa buta loro iku?
Wangsulan: Yaiku Ditya Lembusana lan Ditya Alembasya, anak turune Yaksa Raja Jathasura

7. Ditya Lembusana lan Ditya Alembasya mati tinempeling dening Gathutkaca kanthi aji apa?
Wangsulan: Yaiku Aji Rajah Narantak.

8. Prabawaning Aji Brajamusthi iku mahanani apa?
Wangsulan: Yaiku mahanani udan deres campur lesus lir pinusus, dietukake bledheg mangampar-ampar.

9. Pusakane Adipati Karna kang kanggo nyedani Gathutkaca iku arane apa?
Wangsulan: Yaiku jemparing Wijayandanu.

10. Gathutkaca gugur aneng paprangan tumrap para Pandhawa pinangka apa?
Wangsulan: Yaiku pinangka senapati kang gugur dadya kusumaning bangsa.


F. Manfaat menonton Wayang


GUNANE NONTON WAYANG

Pagelaran wayang iku pancen isih lumaku ana ing laladan tanah Jawa lan pulo-pulo liyane ing bumi Indonesia. Malah kapara pagelaran wayang iku wis lumaku ing negara-negara liyane ing jagad iki. Kayata negara: Amerika Serikat, Inggris, Perancis, Belanda, Jerman, Jepang, Australia lan liya-liyane. 

Dene para dhalang sing asring katimbalan pentas ana ing manca negara yaiku Ki Haji Anom Suroto, Ki Haji Mantheb Sudharsono, Ki Purba Asmara, lan liya-liyane.

Tumrape wong manca negara kang padha pirsa pagelaran wayang iku padha kepranan lan kasengsem. Mula ora mokal manawa wong manca mau padha ngangsu kawruh ana ing tanah Jawa, utawa padha kuliah ana ISI Surakarta, yen biyen jenenge ASKI Surakarta. 

Mung emane wong Indonesia umume lan wong Jawa mligine akeh sing padha ora seneng marang tontonan wayang. Malah kapara padha ngelokake ketinggalan jaman yen nonton wayang. 

Padha salin sloga seneng nonton tontonan kesenian utawa budaya saka negara manca, sing durung mesthi cocok karo budayane dhewe iki, yen mangkono iku ateges kuwalik critane.

Sejatine tontonan wayang iku saleh sawijining tontonan sing bisa dideleng dening sawenehing wong, ora mawas enom tuwane umur, endhek dhuwuring pangkat, asor luhuring drajat tuwin sugih miskining badha. 

Pancen ora ana watesan umur, pangkat, drajat lan kasugihan, awit tontonan iku ora ana wewaler lan duwe adegan sing pepak. Ana adegan sing lucu, susah, galak, pitutur, tata kaprajan, perang, lan solah bawane utawa tumindak manungsa aneng donya iki digelar ana ing pagelaran wayang. 

Amarga wayang iku pinangka gegambaraning manungsa urip aneng donya iki. Malah durung suwe iki pagelaran wayang ditambahi beksan (tari), dhagelan, campursari, dhangdut lan liya-liyane. Kabeh mau pamrihe supaya bisa gawe senenge sing nonton.

Kanggone wong sing nonton, pagelaran wayang iku akeh guna paedahe. Nonton wayang ora bakal kesel ngadeg utawa uyel-uyelan kaya dene yen nonton tontonan liyane. 

Umume wong nonton wayang iku padha lungguh, dadi nontona sawengi muput tetep betah. Dene yen kepengin jogedan uga disedhiyani papan, dadi yen ana wong durung seneng nonton wayang iku amarga durung ngerti gunane. 

Mula kanggo sing durung seneng wayang wiwit saiki ayo padha dikulinakake nonton wayang, kareben ngerti guna paedahe. Banjur sapa maneh sing bakal nyengkuyung lestarine budaya Jawa, yen dudu wong Jawa dhewe.

Paedahe nonton wayang iku bisa uga nambah kawruh utawa ngilmu sing tanpa kelangan wragad. Ki Dhalang asring medhar sabda, kawruh lan tuntunan ngaurip, ana ing adegan limbukan lan gara-gara.

Cukup sampai disini rangkuman mengenai Pengertian Wayang dan 13+ Jenis Wayang (Fungsi, Arti, Contoh, Manfaat) semoga dapat bermanfaat bagi kalian semuanya.


0Komentar

Sebelumnya Selanjutnya