pelajar.web.id - Pada pembahasan kali ini admin akan mengulas tentang Parikan lan Wangsalan Bahasa Jawa (Pengertian, Contoh, Jenis, Ciri-Ciri). Sebelum lebih lanjut pada materi pokok bahasan artikel ini, terlebih dahulu admin beritahukan bahwa rangkuman ini ditulis dalam Bahasa Jawa.
Apa itu yang dimaksud parikan dan wangsalan? untuk mengetahui lebih lanjut tentang hal itu, berikut adalah pembahasan materi parikan dan wangsalan dalam Bahasa Jawa disertai dengan pengertian parikan dan wangsalan, contoh, macam, serta ciri - cirinya.
Parikan lan Wangsalan Bahasa Jawa (Pengertian, Contoh, Jenis, Ciri-Ciri)
Pengertian Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara sepisan kanggo narik kawigaten, dene ukara sing kapindho Baoesastra Djawa, parikan nduweni teges tembangan mung rong ukara nganggo purwakanthi swara.
Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting swara (vokal), minangka isi. Miturut lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud).
Parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak.
Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat.
Ciri - Ciri Parikan
Ciri-cirining parikan yaiku:
- Nduweni purwakanthi ab-ab.
- Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
- Endhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
- Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.
Contoh Parikan
Tuladha parikan sing pedhotan 4 – 4, 4 – 4
- Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 kalebu bagian Sampiran) pitutur Dadi murid, sing taberi (4 - 4 kalebu bagian Isi).
- Jemek-jemek, gula Jawa (4 – 4 kalebu bagian Sampiran) pitutur Aja ngenyek, padha kanca (4 - 4 kalebu bagian Isi).
- Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 kalebu bagian Sampiran) pitutur Yen sinau, dadi pinter (4 - 4 kalebu bagian Isi)
Tuladha parikan pedhotan 4 – 8, 4 – 8
- Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 - 8) pitutur Watak putri, kudu titi ngati-ati (4 - 8)
- Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 - 8) pitutur Lamun sabar, bisa lejar serta binger (4 - 8)
- Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 - 8) pitutur Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 - 8)
- Esuk nakir sore nakir (8)....Sing ditasir godhong ploso (8) nyemoni Esuk mikir sore mikir (8)....Sing dipikir ora krasa (8)
- Jangan kacang jangan kara (8)....Kaduk uyah kurang gula (8) pitutur Piwelingku mring pra mudha (8)....Aja wedi ing rekasa (8)
- Yen kembang kembang cempaka (8)....Dudu kembang arum dalu (8) pitutur Mumpung sira isih mudha (8)....Den asregep ngudi ngelmu (8)
Contoh Soal dan Jawaban Parikan
Parikan ing ngisor iki golekana pitutur, utawa pasemon!
- Wedang bubuk, gula Jawa....Yen kepethuk, ati lega
Wangsulan:Wedang bubuk, gula Jawa, Yen kepethuk, ati lega nggambarake rasa kangen, yan ketemu atine dadi lega.
- Angon wedhus, neng kuburan....Durung adus, wis pupuran
Wangsulan:Angon wedhus, neng kuburan, Durung adus, wis pupuran pasemon yen during adus aja macak utawadandan, nanging adus dhisik lagi dandan.
- Jemek-jemek, gula Jawa....Aja ngenyek padha kanca
Wangsulan:Jemek-jemek, gula jawa, Aja ngenyek padha kanca marang kanca aja padha ngenyek, nanging sing rukun.
Kayu urip ora ngepang
Ijo-ijo godhong jatiUwong urip ora gampangmula padha ngati-ati
Wangsulan:Kayu urip ora ngepangIjo-ijo godhong jatiUwong urip ora gampangmula padha ngati-atiPitutur yen urip ngono kudu ngati-ati, amarga urip neng donya iku ora gampang, akeh pacoban kang kudu diliwati
awan-awan aja keluyuranana pak mantra numpak sekuterkapan-kapan aku keturutanduwe kanca sinaune pinter
Wangsulan:awan-awan aja keluyuranana pak mantri numpak sekuterkapan-kapan aku keturutanduwe kanca sinaune pinter
Rasa kepingin nduwe kanca kang pinter, paribasane cedhak kebo gupak, yen kancane pinter bisa ketularan dadi pinter.
Pengertian Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake.
Contoh Wangsalan
Tuladhane:
Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh (janur gunung = aren $\to$ kadingaren)
Jenis-jenis Wangsalan
Wangsalan iku ana sesebutane dhewe-dhewe, yaiku :
- Wangsalan Lamba
Wangsalan Lamba yaiku wangsalan kang isih prasaja.
Tuladhane:
Lombok cilik, dikandhani malah mecengis.Widheng galeng, tekamu apa padha rahayu?
Tembung lombok cilik iku arane cengis, mula bisa dadi tembung mecengis. Dene tembung widheng galeng iku arane yuyu, mula bisa dadi tembung rahayu.
- Wangsalan Rangkep
Wangsalan rangkep yaiku wangsalan kang sinebut ing saben sagatra rangkep utawa ana rong wangsalan saben sagatra.Tuladhane:
Mrica kecut, singgat toyaSaunine, wong sengit nggregetake
Tembung mrica kecut iku arane wuni, mula bisa dadi tembung saunine. Dene tembung singgat toya iku arane uget-uget, mula bisa dadi tembung nggregetake.
- Wangsalan Memet
Wangsalan memet yaiku wangsalan kang anggone nggoleki karepe tembung ora mung sepisan, mula kudu luwih tliti.Tuladhane :
Uler kambang, yen trima alon-alonan
Tembung uler kambang iku tegese lintah, mula batangane dadi tembung satitahe. Dene tembung satitahe iku tegese ora ngaya utawa alon-alon, mula bisa dadi tembung alon-alonan.
- Wangsalan Padintenan
Wangsalan padintenan yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, yen dirungu kaya wis kulina krungu, mula kaya-kaya ora mbingungake tegese.
Tuladha :
Nyaron bumbung, cengklungen anggonku ngenteni.Jarwa prapta, aja duka ya!
Tembung nyaron bumbung iku arane angklung, mula bisa dadi tembung cengklungen. Dene tembung jarwa prapta iku tegese teka, mula bisa dadi tembung nggregetake.
- Wangsalan Edipeni
Wangsalan edipeni yaiku wangsalan kang ngemu surasa pitutur kang becik.Tuladhane :
Carang wreksa, wreksa kang rinengga janma.Nora gampang, golek kawruh mrih kaonang.
Tembung carang wreksa iku tegese epang, mula bisa dadi tembung gampang. Dene tembung wreksa kang rinengga janma iku tegese wayang golek, mula bisa dadi tembung golek.
- Wangsalan Nganggo Pathokan Tinamtu
Yaiku wangsalan kang wis cetha pathokane lan tegese saka tembung kang diwangsalake wis cetha.Tuladhane :
Gayung sumur, aja kemba aja mundurKapi jarwa, dakpethek mangsa luputa
Tembung gayung sumur iku arane timba, mula bisa dadi tembung kemba. Dene tembung kapi jarwa iku arane kethek, mula bisa dadi tembung dakpethek.
Perbedaan Parikan dan Wangsalan
Parikan
- Pambuka/ pancadan/ pencokan
- Wose utaea isine
Wangsalan
- Wangsalane/ bedhekane
- Batangane/ karepe