pelajar.web.id - Sebelumnya kita sudah membahas Pengertian dan Jenis Wayang pada artikel yang lalu. Tetapi kali ini admin akan membagikan sebuah cerita wayang yang berjudul "Prabu Subali, Nata Guwa Kiskendha".
Cerita ini ditulis dalam Bahasa Jawa serta admin juga sudah memberikan contoh soal teks wayang ini beserta dengan jawabannya, tanpa berlama-lama lagi simak cerita berikut ini.
Contoh Cerita Wayang Prabu Subali, Nata Guwa Kiskendha
PRABU SUBALI, NATA GUWA KISKENDHA
Prabu Subali iku narendra ing Guwa Kiskendha, putrane Resi Gotama ing pertapan Grastina Patutan saka Dewi Windardi. Sekawit Guwa Kiskendha ngono negarane Maesasura, ratu buta asirah kebo, kang banjur disirnakake Subali merga ngraman ing kahyangan.
Sasirnane Maesasura maune kang jumeneng nata ing Guwa Kiskendha adhine Subali, yaiku Sugriwa. Subali dhewe nerusake tapa lan mandhita Sonyapringga. Nanging dhampar kraton ing Guwa Kiskendha uga banjur direbut Subali merga diojok-ojoki Dasamuka.
Wujude wayang nalika Subali dadi ratu iku kethek nganggo makutha kencana lan nganggo sampir. Maune Subali iku wujud manungsa lumrah, kepara satriya bagus, aran Guwarsa, iya Anjanarka.
Anggone salin wewujudan dadi kethek marga rebutan cupu manik Asthagina karo mbakyune, yaiku Dewi Anjani lan adhine, si Sugriwa. Anggone pada rebutan iku banjur kapriksan Resi Gotama. “Ana apa kok padha regejegan?” pitakone sang Resi.
Subali lan Sugriwa wadul yen mbakyune duwe cupu manik. Sang Resi banjur mundhut cupu iku marang Dewi Anjani. Kaya ngapa kagete sang Resi bareng priksa cupu manik iku, banjur nakoni Dewi Anjani, saka ngendi anggone entuk.
Dewi Anjani matur yen iku paringane ingkang Ibu, Dewi Windradi. Resi Gotama nuli dhawuh supaya ngaturi Dewi Windradi.
Sawise marak, Dewi Windradi didangu saka sapa pinangkane cupu manik iku. Dewi Windradi ora wangsulan, malah nangis. “He, Windradi, kowe kuwi duwe kuping apa ora? Ditakoni kok meneng wae.” Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggone mundhut priksa, ning Dewi Windradi tetep ora wangsulan. Ndadekake dukane Sang Resi, “Hem, becik temen patrapmu, Windradi. Diajak guneman mung meneng, kaya patrape tugu wae!”.
Mandi sabdane Sang Resi, sanalika Dewi Windradi malih dadi tugu watu. Kabeh kang ana kono padha kaget. Dewi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel upatane, ning Sang Resi ora kersa.
Tugu dadi sarana Patine Patih Prahastha dikepruk mustakane nganggo tugu iku dening Anila, Senapatine Prabu Rama. Mbarengi sirnane Prahastha, tugu bali dadi Dewi Windradi.
Resi gotama terus nyawatake cupu manik Asthagina. Para putrane kadhawuhan mburu tumibane, cupu malih Tlaga Madirda iya Tlaga Sumala. Subali lan Sugriwa kang mbujung, ngira yan cupu kecemplung ing tlaga. Banjur nyemplung bebarengan.
Bareng mentas padha salin wujud Pragosa. Dene Dewi Anjani lan Endang Suwareh bareng tekan tlaga kono ora nyemplung. Mung raup lan wijik tangan karo sikile. Kekarone salin wujud dadi menungsa ning rai lan tangane metu wulune kaya kethek.
Mulih Ruwat saka memalane, Dewi Anjani kadhawuhan ingkang rama supaya tapa ing Bengawan Bagiratri. Tembene Anjani nglairake anak wujud wanara seta aran Anoman.
Endang Suwareh anake wujud wanara ireng aran Kapi Suwidha. Subali kadhawuhan tapa ngalong ing alas Sonyapringa lan Sugriwa tapa ngidang ing Alas Dandaka.
Nalika Subali lan Sugriwa tapa, disraya dewa ngalahake Prabu Maesasura lan Patih Lembusura ing Guwa Kiskendha. Sadurunge mlebu kedhatone kang wujud guwa, Subali meling Sugriwa supaya nunggu ana jaba.
Yen sing mili saka jero guwa banyu rupane abang, ateges sing mati Maesasura lan Lembusura. Yen sing mili metu rupane putih, sing mati Subali. Sugriwa dikon nableg guwa iku kareben buta loro kuwi mati.
Anggone perang ana ing njero guwa rame lan suwe banget. Nalika Maesasura-Lembusura lena, dening Subali kekarone dicandhak, sirahe diadukumba. Sirah ajur metu getih abang campur polo putih.
Weruh iline banyu abang campur putih, Sugriwa ngira yen Subali lan mungsuhe mati sampyuh. Lawange guwa gage ditableg, banjur munggah kahyangan nyuwun nugraha.
Dewa maringake Dewi Tara, uga kraton Guwa Kiskendha. Sugriwa kalilan jumeneng nata lan nggarwa Dewi Tara. Subali kang ana sajroning Guwa, sateruse bisa metu. Maune ya wis trima, nuli bali nyang Sonyapringga.
Nanging sabanjure kena paekane Dasamuka kang ngojok-ngojoki supaya ngucik Dewi Tara lan Negara Guwa Kiskendha. Subali klakon ngrebut Dewi Tara lan Kraton Guwa Kiskendha. Sugriwa kacekel, disawatake adoh, tumangsang ing wit asem dhampit, ora bisa obah.
Subali nglenggahi dhampar kraton Guwa Kiskendha lan nggarwa Dewi Tara, nganti Dewi Tara ngandheg.
Sugriwa kang kasangsaya ngutus Jembawan nyuwun pitulungan marang Rama lan Laksmana sing lagi nggoleki Dewi Sinta sing dicidra Dasamuka.
Saka pitulungane Rama, Prabu Subali tiwas ketaman Panah. Prabu Sugriwa sawadya banjur nyuwita marang Rama mbiyantu nglurug menyang Alengka. Sugriwa jinunjung dadi Senapati agung kanthi sesebutan Narpati Jaya Sugriwa.
Kapethik Saka Jaya Baya, April 2010 (kanthi owah-owahan)
Negesi Tembung Angel
Jumeneng tegese ngadhegGarwane tegese bojoKareben tegese yo ben, supayaUpatane tegese sumpaheDisraya tegese ditulung, dibiyantuWanara tegese kethekNgraman tegese ngrebut panguwasaNyuwita tegese ngenger, ngabdiSenapati tegese prajuritNarendra tegese ratuPaeka tegese sarana, rekaNableg tegese ngurug/nutupSabda tegese gunemanDicidra tegese diapusi/dikuciwaniNgandheg tegese meteng