
Selamat datang di blog sederhana ini, semoga kalian selalu diberikan kesehatan. Pada artikel kali ini pelajar.web.id akan membagikan Rangkuman Tembang Sinom Serat Wulangreh Aturan, Watak, Tembung Angel dan Gancaran dalam Bahasa Jawa LENGKAP.
Untuk kalian yang sedang mencari-cari rangkuman ini, pelajar.web.id sudah membuatkan rangkuman untuk kalian.
Rangkuman ini ditulis dengan Bahasa Jawa yang membahas tentang Pegertian Tembang Sinom Serat Wulangreh, Paugeran atau Pathokan, Tembung-tembung angel, Gancaran Baris dan lainnya.
Setidaknya dapat membantu kalian untuk mengerjakan tugas serta dapat mengetahui lebih jauh dan mendalam tentang Tembang Sinom Serat Wedhatama. Nah, tidak usah berlama-lama berikut adalah rangkumannya.
Tembang Sinom Serat Wulangreh
Tembang Sinom Serat Wulangreh isine yaiku bab dhasar-dhasaring tingkah laku. Watake tembang sinom iki yaiku kalem, prasaja, susah ingkang lumrah.
Tembang sinom serat Wulangreh iki disasmitani nganggo tembung anom, sinom, taruna, ron kamal, Srinata, logondhang, pangrawit, weni, Anjani putra, mudha, lan sapiturute. Cacahe pada ing tembang sinom serat wulangreh ana 33 pada.
Paugeran Tembang Sinom Serat Wulangreh
1. Guru Gatra (caching larik saben sapada) : 9 gatra
2. Guru Wilangan ( cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra) : 8, 8, 8, 8 , 7, 8, 6, 8, 12
3. Guru lagu ( tibaning swara utawa dhong-dhing ing pungkasaning gatra) : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Tembung-tembung angel ing Pupuh Sinom pada 1-5
Pada 1
Pada 2
Pada 3
Pada 4
Pada 5
Gancaran pupuh Sinom Serat Wulangreh pada 1-5
Pada 1
Pada 2
Pada 3
Pada 4
Pada 5
Tembang Sinom Serat Wulangreh ana 33 pada utawa bait
Pada 1
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere denalingi,
bodhone dinokok ngayun,
pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkit,
suka lila denina sapadha-padha.
Pada 2
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sundekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Pada 3
Tur duk ingsun maksih bocah,
akeh kang amituturi,
lakuning wong kuna-kuna,
lalabetan ingkang becik,
miwah carita ugi,
kang kajaba saking ngebuk,
iku kang aran kojah,
suprandene ingsun iki,
teka nora nana undhaking kabisan.
Pada 4
Carita nggoningsun nular,
wong tuwa kang momong dhingin,
akeh kang sugih carita,
sun rungokken rina wengi,
samengko maksih eling,
sawise diwasaningsun,
bapak kang paring wulang,
miwah ibu mituturi,
tata-krama ing pratingkah kang raharja.
Pada 5
Nanging padha ngestokena,
pitutur kang muni tulis,
yen sira nedya raharja,
anggonen pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling,
pitutur wong sepuh-sepuh,
muga padha bisaa,
anganggo pitutur becik,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Pada 6
Lan aja na lali padha,
mring luluhur ingkang dhingin,
satindake denkawruhan,
angurangi dhahar guling,
nggone ambanting dhiri,
amasuh sariranipun,
temune kang sinedya,
mungguh wong nedya ing Widhi,
lamun temen lawas enggale tinekan.
Pada 7
Pangeran kang sipat murah,
njurungi kajating dasih,
ingkang temen tinemenan,
pan iku ujaring dalil,
nyatane ana uga,
iya Ki Ageng ing Tarub,
wiwitane nenedha,
tan pedhot tumekeng siwi,
wayah buyut canggah warenge kang tampa.
Pada 8
Panembahan Senapatya,
kang jumeneng ing matawis,
iku kapareng lan mangsa,
dhawuh nugrahaning Widhi,
saturune lestari,
saking brekating luluhur,
mrih tulusing nugraha,
dhateng ingkang kari-kari,
wajib uga anirua lakunira.
Pada 9
Mring luhur ing kuna-kuna,
enggone ambanting dhiri,
iya sakuwasanira,
sakuwate anglakoni,
nyegah turu sathithik,
sarta nyuda dhaharipun,
pirabara bisaa,
kaya ingkang dhingin-dhingin,
atirua sapratelon saprapatan.
Pada 10
Ana ta silih bebasan,
padha sinaua ugi,
lara sajroning kapenak,
suka sajroning prihatin,
lawan ingkang prihatin,
mapan suka ing jronipun,
iku den sinaua,
lan mati sajroning urip,
ing wong kuna pan mangkono kang dengulang.
Pada 11
Pamoring Gusti kawula,
pan iku ingkang sayekti,
dadine sotya ludira,
iku den waspada ugi,
gampangane ta kaki,
tembaga lawan mas iku,
linebur ing dahana,
lulur amor dadi siji,
mari nama kencana miwah tembaga.
Pada 12
Ingaranana kencana
pan wus kamoran tembagi,
ingaranana tembaga,
wus kamoran kencana di,
milila dipun wastani,
mapan suwasa puniku,
pamore mas tembaga,
pramila namane salin,
lan rupane sayekti puniku beda.
Pada 13
Cahya abang tuntung jenar,
punika suwasa murni,
kalamun gawe suwasa,
tembagane nora becik,
pambesote tan resik,
utawa nom emasipun,
iku dipunpandhinga,
sorote mesthi tan sami,
pan suwasa bubul arane punika.
Pada 14
Yen arsa karya suwasa,
darapon dadine becik,
amilihana tembaga,
oleha tembaga prusi,
binesot ingkang resik,
sarta mase ingkang sepuh,
resik tan kawoworan,
dhasar sari pasthi dadi,
iku kena ingaran suwasa mulya.
Pada 15
Puniku mapan upama,
tepane badan puniki,
lamun arsa ngawruhana,
pamore kawula Gusti,
sayekti kudu resik,
aja katempelan nepsu,
luwamah lan amarah,
sarta suci lair batin,
dadi mene sarira bisaa tunggal.
Pada 16
Lamun ora mangkonoa,
sayektine nora dadi,
mungguh ngelmu ingkang nyata,
nora kena den sasabi,
ewuh gampang sayekti,
puniku wong dhuwe kawruh,
gampang yen winicara,
angel yen durung marengi,
ing wektune binuka jroning wardaya.
Pada 17
Nanging ta sabarang karya,
kang kinira dadi becik,
pantes den talatenana,
lawas-lawas mbok pinanggih,
den mantep jroning ati,
ngimanken tuduhing guru,
aja uga bosenan,
kalamun arsa utami,
mapan ana dalile kang wus kalakyan.
Pada 18
Para luluhur sadaya,
nggone nenedha mring Widhi,
bisaa mbaboni praja,
dadi ugering rat Jawi,
saking talaten ugi,
enggone katiban wahyu,
ing mula mulanira,
lakuning luluhur dhingin,
andhap asor enggone anamur lampah.
Pada 19
Tapane nganggo alingan,
pan sami alaku tani,
iku kang kinarya sasab,
pamrihe aja katawis,
ujub riya lan kibir,
sumungah ing siningkur,
lan endi kang kanggonan,
wahyuning karaton Jawi,
tinempelan anggenipun kumawula.
Pada 20
Puniku laku utama,
tumindak sarta kekelir,
nora ngatingalken lampah,
wadine kang den alingi,
panedyane ing batin,
pan jero pangarahipun,
asore ngelmu rasa,
prayogane tiniru ugi,
anak putu aja na tininggal lanjaran.
Pada 21
Lawan ana kang wasiyat,
prasapa kang dhingin-dhingin,
wajib padha kawruhana,
mring anak putu kang kari,
lan aja na kang lali,
anerak wewaleripun,
marang luluhur padha,
kang minulyakken ing Widhi,
muga-muga mupangatana kang darah.
Pada 22
Wiwitan kang aprasapa,
Ki Ageng ing Tarub weling,
ing satedhak turunira,
tan rinilan nganggo keris,
miwah waos tan keni,
kang awak waja puniku,
lembu tan kena dhahar,
daginge lan ora keni,
angingua marang Wandhan tan kena.
Pada 23
Dene Ki Ageng Sesela,
prasapane ora keni,
ing satedhak turunira,
nyamping cindhe den waleri,
kalawan nora keni,
ing ngarepan nandur waluh,
wohe tan kena mangan,
Panembahan Senapati,
ing ngalaga punika ingkang prasapa.
Pada 24
Ing satedhak turunira,
mapan nora den lilani,
nitih kuda ules napas,
lan malih dipunwaleri,
nitih turangga ugi,
kang kokoncen surinipun,
dhahar ngungkurken lawang,
ing wuri tan na nunggoni,
dipunemut aja na nerak prasapa.
Pada 25
Jeng Sultan Agung Mataram,
prasapane nora keni,
mring tedhake yen nitiha,
jaran bendana yen jurit,
nanggo waos tan keni,
kang landheyan kayu wergu,
lan tan ingaken darah,
yen tan bisa tembang Kawi,
pan prayoga satedhak sinaua.
Pada 26
Jeng Sunan Pakubuwana,
Kang jumeneng ing Samawis,
kondur madeg Kartasura,
prasapanipun tan keni,
nenggih kalamun nitih,
dipangga saturunipun,
Sunan Prabu Mangkurat,
waler mring saturuneki,
tan linilan ngujung astana ing Betah.
Pada 27
Lawan tan kena nganggoa,
dhuwung sarungan tan mawi,
kandelan yen nitih kuda,
kabeh aja ana kang lali,
lan aja na nggagampil,
puniku prasapanipun,
nenggih Jeng Susuhanan,
Pakubuwana ping kalih,
mring satedhak turunira linarangan.
Pada 28
Mangan apyun nora kena,
sineret tan den lilani,
ing untal pan linarangan,
sapa kang wani nglakoni,
narajang waler iki,
yen nganti kalebon apyun,
pan kena ing prasapa,
jinabakken tedhakneki,
Jeng Susuhanan ingkang sumare Nglaweyan.
Pada 29
Prasapa Jeng Susuhunan,
Pakubuwana kaping tri,
mring satedhak turunira,
mapan datan den lilani,
agawe andel ugi,
wong kang seje jinisipun,
puniku linarangan,
anak putu wuri-wuri,
aja na kang wani nrajang prasapa.
Pada 30
Wonten waler kaliwatan,
saking luluhur kang dhingin,
linarangan angambaha,
wana Krendhawahaneki,
dene kang amaleri,
sang Dananjaya ing dangu,
lan malih winaleran,
kabeh tedhake Matawis,
yen dolana ing awana Rami tan kena.
Pada 31
Dene sisirikanira,
yen tedhak ing Demak ugi,
anganggo wulung tan kena,
lawan ta kang nyirik malih,
bebed lonthan tan kena,
kalamun tedhak Madiyun,
lan payung dhandhan abang,
tedhak Madura tan keni,
nganggo poleng lan bathikan parang-rusak.
Pada 32
Tedhaking Kudus tan kena,
adhahara daging sapi,
tedhaking Sumenep ika,
nora kena ajang piring,
watu pan datan keni,
dhahar kidang dagingipun,
mapan ta linarangan,
godhong palasa kinardi,
ajang mangan pan puniku nora kena.
Pada 33
Kabeh anak putu padha,
eling-elingen ywa lali,
prasapa kang kuna-kuna,
walering luluhur dhingin,
estokna ing jro ngati,
aja nganti nemu dudu,
kalamun wani nerak,
pasthi tan manggih basuki,
Sinom Salin Girisa ingkang atampa.
Cukup sekian yang pelajar.web.id bagikan mengenai Rangkuman Tembang Sinom Serat Wulangreh Aturan, Watak, Tembung Angel dan Gancaran dalam Bahasa Jawa LENGKAP tentunya sudah pelajar.web.id rangkum dari berbagai sumber terpercaya.
Semoga dari rangkuman Tembang Sinom Serat Wulangreh ini dapat bermanfaat bagi kalian semua. Sukses selalu untuk kalian semua.