Pelajar Web Id
  • Home
  • Forum
  • Laporkan Link Rusak
  • Buku Kurikulum 2013 (BSE)
  • Materi Pelajaran
  • _SD
  • _SMP
  • _SMA
  • Ujian Nasional
  • Kedinasan
  • SBMPTN
  • CPNS
  • Kunci Jawaban
  • _LKS Intan Pariwara
  • Latihan Soal
  • Bank Soal
  • Kumpulan Bahan Ajar
  • Kumpulan RPP 1 Lembar
  • Kumpulan Silabus
  • Ebook Gratis
  • Jurnal Internasional
  • Kumpulan Karya Sastra
  • Kumpulan Makalah
  • Kumpulan Skripsi
  • Pelajar Berbagi
  • Tips dan Trik
  • Podcast Pelajar Web Id
  • Disclaimer
  • FAQ
  • Tentang
  • Kontak
  • Kode Etik
  • Kebijakan Privasi
BerandaBahasa Jawa

Tembang Sinom Serat Wedhatama (Gancaran dalam Bahasa Jawa LENGKAP)

Pelajar Web Id
Mei 19, 2020 0Komentar
  • Bagikan ke Facebook
  • Bagikan ke Twitter
tembang sinom serat wedhatama bahasa jawa

Tembang Sinom - Selamat datang di blog pelajar.web.id, kali ini admin akan membagikan Rangkuman materi tentang Tembang Sinom Serat Wedhatama (Gancaran dalam Bahasa Jawa LENGKAP).

Berikut adalah rangkuman yang berisi piwulang tembang sinom, filosofi tembang sinom, dasanama, watak, piwulang, paugeran atau aturan, negesi tembung (mengartikan kata-kata yang sukar) dan lainnya.

Gancaran Tembang Sinom di bawah ini sudah dibuatkan Arti Perkata maupun Gancaran Baris. Mungkin ini bisa menjadi tambahan referensi kalian mengenai Materi Tembang Sinom Serat Wedhatama. 

Langsung saja tanpa berlama-lama lagi berikut materi yang sudah pelajar.web.id kemas dalam Bahasa Jawa.

Tembang Sinom Serat Wedhatama

Serat Wedahatama kaanggit dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya ( K.G.P.A.A ) Sri Mangkunegara IV. 

Serat Wedhatama ngemot limang pupuh tembang macapat, yaiku Pangkur (14  pada), Sinom (18 pada), Pucung (15 pada), Gambuh (35 pada), lan Kinanthi (18 pada).


Piwulang Tembang Macapat Serat Wedhatama 

  1. Aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing solah bawa kang lurus (wus sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar.
  2. Nengenake kadiwasaning akal, pikiran, rasionalitas utawa intelektual.
  3. Babagan karakter lan tumindak kang becik. Menehi tuladha kaya dene Panembahan Senapati. Piyambake tumemen nahan hawa napsu kang dilakoni kanthi tapa. 
  4. Ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan    kapinteran.
  5. Ngajarake telung prakara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika antuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.
  6. Ngajarake supaya ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan, nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho, lan tansah duwe pamrih.
  7. Manungsa kang luhur bebudene iku seneng mapan ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni kewajibane, asipat ruruh, lan gawe seneng atine liyan.

Filosofi 11 Tembang Macapat

  • Maskumambang : Pratanda diwiwitine urip manungsa ing alam donya. Digambarake bayi sing isih ning jero weteng utawa janin ning jaro kandungan.
  • Mijil : wijil, wiyos, raras, sulastri Artinipun metu utawa lahir. Digambarake bayi sing lagi wae lahir saka rahim ibune isih suci.
  • Kinanthi : saka tembung kanthi utawa dikanthi (dibimbing, diarakan lan dipandu). Digambarake bocah sing diwenehi piwulang utawa diwenehi nasehat saka wong tuwane.
  • Sinom : saka tembung nom utawa godhong asem = sinom. Digambarake bocah sing uwis nom utawa basa arab aqil baliq.
  • Asmaradhana : saka tembung Asmara lan dahana. Digambarake wong sing wis nandhang tresna antarane wong lanang kaliyan wong wadon.
  • Gambuh : saka tembung jumbuh artinipun cocok pas. Digambarake wong lanang karo wong wadon sing wis padha-padha cocok kanggo jalin krama.  
  • Dhandanggula : saka tembung gegadhangan lan gula, (gegadhangan = angen-angen, gegayuhan lan cita-cita). Digambarake wong sing duwe gegayuhan urip mulya karo garwa utawa pasangane.
  • Durma : diartikne saka tembung munduring tata krama. Digambarake manungsa mesthi duweni watak kang ala, wengis, iri dengki srei, nesu lan angkara murka.
  • Pangkur : saka tembung mungkur. Digambarake manungsa sing uwis ora mikir bab kadonyan lan uwis iso ngendaleni hawa nepsu namung mikir bab agama kanggo sangu ing akherat.
  • Megatruh : saka tembung megat lan ruh. Digambarake manungsa sing arep ninggalke donya utawi sakaratul maut.
  • Pocung : Digambarake manungsa sing uwis meninggal utawa kapundhut wangsul dening gusti ingkang maha kuwasa.

Dasanama Tembang Sinom Serat Wedhatama

Sinom asale saka tembung  "Si Anom". "Anom" nduweni dasanama yaiku sinom, anom, taruna, Srinata, ron kamal, pangrawit, logondhang, weni, Anjani putra, mudha, lan sapiturute.


Watak Tembang Sinom

Tembang Sinom biyasane dienggo pambuka crita, ananging tetep nulad papan panggonan. Watake tembang sinom yaiku sabar, grapyak, sumanak, lan prasaja, cocog kanggo piwulang/pitutur.


Piwulang Tembang Sinom Serat Wedhatama 

Pupuh Sinom ngandharake piwulang kang bisa kanggo nggayuh kasampurnan supaya wong Jawa bisa nuladha tindak-tanduk utama Raja Mataram yaiku Panembahan Senapati. Carane yaiku:
  • Nyuda hawa nepsu kanthi prihatin (tapa).
  • Rina wengi tansah makarya kanthi gawe ati tentrem lan menehi rasa asih kanggo pepadha.
  • Saben ana kalodhangan wektu kanggo laku prihatin supaya bisa manunggal karo Gusti.
  • Tansaya njaga ati  supaya gelem laku prihatin (gelem ngedohi hawa nepsu kanthi pasa lan tangi wengi kanggo ngibadah).
  • Nduweni pangangen-angen supaya bisa usada kanthi tekun, ngendhalekake akal pikiran lan budi, uga gelem prihatin kanggo nampa kanugrahan saka Gusti.

Paugeran atau Aturan Sinom Serta Wedhatama

Paugeran Tembang Sinom Serat Wedhatama yaiku:
  • Guru gatra, yaiku cacahing gatra utawa larik saben sapada (tembang sinom ana 9 gatra).
  • Guru lagu, yaiku tibaning swara (dhong-dhing) ing pungkasaning gatra (guru lagu tembang sinom a, i, a, i, i, u, a, i,a).
  • Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. (guru wilangan tembang sinom 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12).

Gancaran Tembang Sinom Serat Wedhatama (Pada 1-5)

  • Sinom Serat Wedhatama Pada 1

Arti Tembang Sinom Per-Kata

Tembung AngelTegese
nuladhanyonto
lakutumindak
utamabecik
tumrapingkanggo
agunggedhe
ngeksigandaMataram
kepatibanget-banget
amarsudiNindakake kanthi temen-temen
pinesuDietog kanthi temen-temen
tapa brataNglakoni mati raga sarta sumingkir saka karamean
amemangunmbangun
karyenakGawe enak
tyasAti, kalbu, galih, penggalih, manah, driya, nala, prana, wardaya
sasamaPadha padha, sesama


Gancaran Tembang Sinom Pada 1

GatraGancaran
Nuladha laku utamaNyonto tumindak kang becik
Tumraping wong tanah JawiKanggo wong ing tlatah Jawa
Wong agung ing NgeksigandaWong gedhe ing Mataram
Panembahan SenapatiPanembahan Senapati
Kepati amarsudiNgudi kanthi banget-banget
Sudaning hawa lan nepsuNgurangi hawa lan nepsu
Pinesu tapa brataNgudi tapa brata
Tanapi ing siyang ratriUga ing awan lan bengi
Amemangun karyenak tyasing sasamaMbangun gawe enak atining pepadha

  • Sinom Serat Wedhatama Pada 2

Arti Tembang Sinom Per-Kata

Tembung angelTegese
SamangsaIng wektu
PasamuwanPatemon
MartaLembah manah
MartaniRasa ngabari
SinambiNyambi
Kala-kalaningWektu/nalika
AsepiSepi
LelanaMider-mider
Teka-tekiTapa
GayuhNgranggeh
GeyonganeGandhulane
KayunKarep
KayungyunKesengsem
EningingBeninge
SanityasaTansah
PinrihatinPrihatin
Pungguh - PanggahKukuh sentosa
GulingTuru, nendra

Gancaran Tembang Sinom Pada 2

GatraGancaran
Samangsane pasamuwanIng wektu patemon
Memangun marta martaniMbangun lembang manah lan ngabari
Sinambi ing saben mangsaNyambi ing saben wektu
Kala- kalaning asepiWektu/nalika sepi
Lelana teka-tekiLelungan tapa
Gayuh geyongane kayunNgranggeh gandhulane pepinginan
Kayungyun eninging tyasKesengsem beninge ati
Sanityasa pinrihatinTansah prihatin
Pungguh-panggah cegah dhahar lawan gulingKukuh sentosa ngurangi mangan lan turu

  • Sinom Serat Wedhatama pada 3

Arti Tembang Sinom Per-Kata

Tembung AngelTegese
MendraLunga
WismaOmah
LelanaMider - Mider
LaladanDaerah, tlatah, wewengkon, patrap
NgingsepNyerot
SepuhingTuwane
SopanaDalan
MrihNglanjutake, marang
PanaTerang pangertine
PranawengPadhaning
KaptiKarep
Tistising tyasApa kang di idham-idhamake
MarsudiNgudi
MardawaningAlusing
Budya tulusBudya tulus
MesuNgetog kekuwatan
RehPratingkah, prakara,bab
KasudarmanKautaman
JalanidhiSamodra
SruningSruning/bantere
BrataTapa
KatamanOleh
DytamikaKarohanen


Gancaran Tembang Sinom Pada 3

GatraGancaran
Saben mendra saking wismaSaben lunga saka omah
Lelana leladan sepiMider-mider ing daerah sepi
Ngingsep sepuhing sopanaNyerot tuwane dalan
Mrih pana pranaweng kaptiNganjutake enthek ambegan karep
Tistising tyas marsudiNgudi apa kang diidham-idhamake
Mardawaning budya tulusAlusing budya tulus
Mesu reh kasudarmanNgetog kakuwatan prakara kautaman
Neng tepining jalanidhiIng pinggiring samodra
Sruning brata kataman wahyu dyatmikaSruning tapa oleh pituduh karohanen

  • Sinom Serat Wedhatama Pada 4

Arti Tembang Sinom Per-Kata

Tembung AngelTegese
WikanWeruh, ngerti
WengkunindengPinggiring, batesing
KederanDiubengi
DenDi
IderiDiideri
KinematDimangerteni
DriyaAti
RinegemGegem
DumadyaDadiya
AngratoniAngratoni
NenggihYaiku
DedegDuwuring pawakan
GayuhNgranggeh
GeganaLangit, awang-awang
UmaraMaju
MarakMarak
MaripihMaripih
SorKalah
PrabawaKaluhuran
NgeksigandaMataram

Gancaran Tembang Sinom Pada 4

GatraGancaran
Wikan wengkuning samudraNgerti pinggiring samodra
Kederan wus den ideriDiubengi wis diideri
Kinemat kamoting driyaDimangerteni kamoting ati
Rinegem sagegem dadiNggegem sagegem dadi
Dumadya angratoniDadiya angratoni
Nenggih kangjeng ratu kidulYaiku kangjeng ratu kidul
Dedeg gayuh geganaDhuwuring pawakan ngranggeh awang-wang
Umara marak maripihMaju marak maripih
Sor prabawa lan wong agung ngeksigandaKalah kaluhuran lan wong gedhe Mataram

  • Sinom Serat Wedhatama Pada 5

Arti Tembang Sinom Per-Kata

Tembung angelTegese
DahatBanget, tenan-tenan
DeniraOlehe
AmintaAnjaluk
SinupeketDiraketake
PalimunanSepi
PasabanPapan sing kerep ditekani
SumanggemSaguh
AnyanggemiNetepi, mbenerake
KarsaKarep
TinamtuMesthi, tentu
SupangatePitulungane, pangestune
Teka-tekiTapa
Teken janggut suku jajaCangkingan mlaku

Gancaran Tembang Sinom Pada 5

GatraGancaran
Dahat denira amintaOlehe njaluk tenanan
Sinupeket pangkat kanthiDiraketakedrajat binarengan
Jroning alam palimunanNjeroning alam sepi
Ing pasaban saben sepiIng papan sing kerep ditekani saben sepi
Sumanggem anyanggemiSaguh netepi/mbenerake
Ing karsa kang wus tinamtuIng karep kang wis mesthi
Pamrihe mung amintaPamrihe mung njaluk
Supangate teka-tekiPitulungane tapa
Nora ketang teken janggut suku jajaOra ketang cangkingan mlaku

Cara Nggancarke Tembang Macapat Sinom

  • Nambahi tembung supaya luwih gampang dimangerteni.
  • Ukara kang nganggo basa kawi utawa jawa kuna kudu dijarwakake.
  • Tembung sandi/garba kudu diudhari.
  • Ukara kang akiket nganggo paugeran baliswara kudu diudhari.
  • Menawa perlu, bisa uga ngilangi utawa nambahi ater-ater, seselan, lan panambang.

Demikianlah artikel yang penulis bagikan mengenai Tembang Sinom Serat Wedhatama (Gancaran dalam Bahasa Jawa LENGKAP). Semoga bermanfaat :)

Tags Bahasa Jawa Serat Wedhatama Tembang Sinom
  • Bagikan ke Facebook
  • Bagikan ke Twitter
Pelajar Web Id
Official Admin Pelajar Web Id
    0Komentar

    Postingan Populer

    Kunci Jawaban LKS Intan Pariwara Kelas 12 Semester 1 2020

    Pelajar Web Id Dalam Intan Pariwara Agustus 02, 2020

    Kunci Jawaban LKS Intan Pariwara Kelas 11 Semester 1 2020

    Pelajar Web Id Dalam Intan Pariwara Agustus 02, 2020

    Kunci Jawaban LKS Intan Pariwara Kelas 10 Semester 1 2020

    Pelajar Web Id Dalam Intan Pariwara Juli 28, 2020

    Tembang Sinom Serat Wedhatama (Gancaran dalam Bahasa Jawa LENGKAP)

    Pelajar Web Id Dalam Bahasa Jawa Mei 19, 2020

    Ikuti Pelajar Web Id

    Dapatkan notifikasi konten terbaru langsung ke email anda.

    Social Icons

    • Home
    • Forum
    © Copyrights Pelajar Web Id
    Daftar Isi